Kaca:Layang Panantang.pdf/18

Kaca iki wis divalidasi
AKU WIS DADI MALING
(kabar kanggo pendhita druna)

nalika kowe wis ora krungu
swara kulanuwunku
ateges wis ora ana angin sumilir
sing kena dititipi weling
wusana ana pletiking geni
kang ngobong gorehing ati
ya atimu sing kadhung dadi bandan
kapikut dening gebyaring metropolitan
nganti lali werdining sedumuk bathuk
sanyari bumi

eman banget yen nganti ha na ca ra ka
katut dadi wawa
kasimpar saka dhampar semedi iki

mula mumpung durung kadhung
katut kagulung aji{mu) mumpung
ing wengi iki wis dak niyati
nedya dadi maling
nyolong guritan
kang kok cencang ing kurungan
dakgawa kekitrang
golek papan bawera
kanggo bawa rasa

Ponorogo, tutup taun 2002

6

LAYANG PANANTANG