Kaca:Layang Panantang.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi
LAYANG PANANTANG


gendhewa rasa dak penthang
sinambi kekitrang ngoncati sepi
wengi wis dudu memala
lan sepa wis manjing dadi mitra

ora ana sing perlu disingkrihi
yen keplasing anggit wis nyawiji
ing sumilire angin
padhange rembulan bakal nuntun
marang sejatine dalan kasunyatan

tanpa guna bunglon pencolotan
mancala putra
munggel pang-pang gegayuhan
pangimpenku ora bakal gogrog
mung amarga kinepung
pedhut-pedhut esuk
awit ing walike peteng sejati
ana sejatine padhang
coloking panantangku
mring sesuker sewu ngreridhu laku

Jakarta, Oktober 2005

LAYANG PANANTANG

7