Kaca:Layang Panantang.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi
TEMBUNG SING GOGROG

wis akeh tembung sing gogrog
kelangan teges
nalika srengenge dioyak bocah ngarit
nganti langit nelangsa kelangan rupa

nanging nganti seprene durung ana ukara
sing bisa gawe mareme lemah rengka mangsa ketiga
seprana-seprene bocah angon mung bisa ura-ura
lelagon sepa manut ocehe manuk sriti
sing tansah mabur gawe kalangan njaluk udan

wis akeh tembung sing gogrog
kelangan teges
njelma dadi tembok-tembok prakosa
mbendung sumilire angin sing nyebar kabar
ngenani tumindak cidra sing kebacut dadi
crita sambung
nanging angin tetep dadi angin
lan terus sumilir
njawil gegodhongan supaya padha obah
jalaran urip ora pinurba kuda kalah


Ponorogo, 16 September 2003

8

LAYANG PANANTANG