Kaca:Layang Panantang.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi
NINTINGI TEMBUNG MANIS

wis makaping-kaping kuping iki
kok bisiki
nganggo janji manis
rinengga endahing ukara lungit
sundhul langit

nanging saben-saben rampung gawene
mung padha mbisu
kaya wong tangi turu
sing lali impene

saiki padha polaha sak karepmu
mbengoka sak rosamu
sinambi ngerek angen-angen
ing sangisore gendera lurik
pilihanmu

aku trima nyawang saka kadohan
dadi wayang simpingan
ngenteni tangane Dhalang njebol gunungan

Ponorogo, 31 Januari 2004

LAYANG PANANTANG

9