Kaca:Layang Panantang.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi
LANGGAM KARERANTAN

muga-muga tanganmu kuwat nggegem kesabaran
nalika jangkahing sikil sing ngambah dalan rumpil
among tansah kecocog krikil sing njalari
dumadine tatu-tatu anyar
kamangka sewu tatu lawas isih
krasa perih ngutahake abang getih

muga-muga mripatmu ora sulap
nyawang gumebyare lampu-lampu atusan watt
kang tansah kencar-kencar pamer sunar
ing dalan-dalan kutha lan gedhung brewu
susun wolu
sawetara iku senthongmu katon saya klawu
ora nate kampiran cahya pepadhang
senajan mung satleraman

muga-muga atimu bisa nglenggana
krungu aloke si kuntul
yen sing kok ingu wiwit september kepungkur
jebul mung wedhus prucul
dudu macan tutul

Ponorogo, Maret 2004

10

LAYANG PANANTANG