Kaca:Layang Panantang.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi
GURIT SAUMPAMA

saumpama anak-anakmu biyen
nate kok tepungake karo panas
kira-kira bae saiki ora kidhung
srawung karo srengenge
jagongan karo geni
dolanan karo wawa

saumpama anak-anakmu biyen
nate kok tepungake karo adhem
kira-kira bae saiki ora bingung
kepriye carane kenalan karo udan
paseduluran karo samudra
memitran klawan banjir bandhang

saumpama anak-anakmu biyen
nate kok tepungake karo perih
kira-kira bae saiki wis padha ngreti
carane salaman karo glathi
kenalan karo keris
rembugan karo pedhang

nanging emane bocah-bocah
sing durung wareg ngrasakake uyah kuwi
mung kok pameri tembung mukti
ngusung swarga donya jroning
angen-angen kang garing

yen saiki anak-anakmu mung bisa ngrentengi
impen-impen wengi
ora keconggah polah, ngongak jagad kasunyatan
sing mbutuhake ati gumregah tangan kumrembyah
sapa sing salah?

Ponorogo, 1 Februari 2004

LAYANG PANANTANG

11