Kaca:Layang Panantang.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi
BALLADA SURA BLENGEH

sura blengeh, tumoleh
nyawang kaca pangilon ing boman
sawise dandan cara warok
klambi ireng, clana ireng, udheng ireng
nuli jumangkah
nggoleki swara gamelan ngungkung
ing tengah alun-alun
rumesep balung sungsum
neng nong neng gung
neng nong neng gung

sura blengeh mesem
terus jogedan mlebu tengah kalangan
"biyuh-biyuh jan ora ndlomok tenan,"
ngono aloke nalika weruh wong-wong rebutan
ngangkat barongan

sura blengeh mubeng kalangan
ngetung tontonan sing pamer kabisan
ana dhangdhutan, ana jathilan,
ana larungan, ana kakang sendhuk sisan
nanging ana endi dununge geguritan?
"takona geranganmu sing ongkang-ongkang
ing paseban kae," aloke kancane

sura blengeh tumoleh nyawang paseban
ing atine tuwuh karerantan
jebul isih ana kang kasingsal
ing wilahane jaman

Ponorogo, Maret 2004

LAYANG PANANTANG

13