Kaca:Layang Panantang.pdf/26

Kaca iki wis divalidasi
CRITA ING MRIPATMU

wengi sing kabotan impen
mung nyawang tanpa kumecap
nalika crita ing mripatmu
siji mbaka siji dak tata jroning ati

pancen ana rasa perih
nalika tangan iki nggrayang
tumpukan buku lawas
sing nate dak nggo nyathet umure rembulan
sadurunge gogrog, nasang ing pucuk gedhang

nanging kabeh mau luwih prayoga
tinimbang among nyawang sumiliring angin
kesasar jroning rupa ireng ngregemeng peteng

sawetara iku critamu terus dak gawa
lunga adoh
bakal dak dandani dadi crita esuk
critane jago kluruk


Ponorogo, 15 September 2003

14

LAYANG PANANTANG