Kaca:Layang Panantang.pdf/27

Kaca iki wis divalidasi
MRIPAT LANDHEP

ing sore kuwi dak temokake maneh
mripat landhep ngiris ati
nganti ajur rojah-rajeh
(nanging ora krasa perih)

njur dak bukak lawangku
dak bukak dhadhaku
mripat landhepmu terus ngiris
daging waras ing saranduning awak
(nanging ora ninggalake tatu)
sing ana mung seger sumyah
ngutahake rasa bungah

mripat landhepmu terus dak tekem
dak gegem kenceng
nganggo driji mucuk eri
emane, saya suwe saya ilang landhepe
saya suwe saya krasa ninggalake
rasa perih ing antarane abang getih

mripat landhepmu dadi barang wungkul
gumlundhung saka meja dadi memala

Ponorogo, Agustus 2004

LAYANG PANANTANG

15