Kaca:Layang Panantang.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi
BAWA RASA

nalika ken arok mbedhang ken dhedhes
tenane ora mung nglabuhi perkara
tresna
jagad wis luwih saka cukup
anggone nyawisi rasa sih
pindhane samudra
sing ora nate kasatan tirta
nanging amarga ana gegayuhan
ngowahi jaman
kang ora mung cukup
didoli sabar lan tlaten
pindhane wong nandur
ngenteni undhuh-undhuhane

pancen mung saglugut
bedane bener lan luput
gumantung marang panyawang
sing menehi pambiji
sarta milah lan milih
antarane ireng lan putih


Ponorogo, 25 April 2004

16

LAYANG PANANTANG