Kaca:Layang Panantang.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi
DUDU RASA

dudu rasa perih
sing njalari ati njola
nalika glathi mancep ing dhadha

dudu rasa wedi
sing njalari ati mamang
nyumurubi tatu arang kranjang

nanging sambate ibu bumi bapa kuwasa
sing tansah kipa-kipa ora mentala
nyawang nusantara
tansah siniram ludira
sing kutah saka dhadhane para putra

Ponorogo, Juli 2004

LAYANG PANANTANG

17