Kaca:Layang Panantang.pdf/33

Kaca iki wis divalidasi
ELEGI BENGAWAN SORE

nalika ana banyak nglangi
meh kentekan ambegan
nglawan banjir ing bengawan sore
sing dikirim dening udan ketiga salah mangsa

ana tukang njala numpak gethek
nguncalake jaring
tembunge kepengin nylametake
kang nandhang kasangsayan

ah, nanging wekasane nasibe banyak
ora luwih apik tinimbang pitik potong
urip sepisan rinancang dening liyan kanggo pangewan-ewan
awit tukang njala mau butuh kurban
kanggo bancakan

Ponorogo, 6 September 2003

LAYANG PANANTANG

21