Kaca:Layang Panantang.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi
MONOLOG SEPI

wis mabur adoh manuk jalak
sawise ucul saka kurungan
kasep, yen saiki kowe kandha kepengin
krungu anggunge
sambatmu marang sing duwe
uga muspra
jalaran si tukang ngarit wis lunga
nggawa kranjang isi golek kencana
duweke galuh candra kirana

Ponorogo, 21 Juli 2001

22

LAYANG PANANTANG