Kaca:Layang Panantang.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi
SATEMENE

satemene ana sandhiwara
sing nggelar crita
endah
emane wis mapan ing lembarane
dina wingi

satemene ana esem ngujiwat
sing bisa gawe sengseme jagad
emane mung dumunung ing perangane
dina wingi

satemene ana cahya padhang
pindha sewu lintang alihan
gawe pangeram-eram
emane wis kelakon
duking nguni

satemene ana rasa kangen
yen pinuju noleh memburi
mbiyaki lelakon dina kawuri
emane
senajan sewu cara wis dak coba
sewu buku daksinau
meksa ora ana dalan sing kena diliwati
kanggo tumuju dina wingi

Ponorogo, 21 April 2004

LAYANG PANANTANG

23