Kaca:Layang Panantang.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi
FRAGMEN PAKELIRAN

aneh yen isih ana sing takon
semar gugat sapa sing ngongkon
uga marang aku
rasane kok lucu
yen isih kawetu tembungmu
ngasah glathi nggrenda pedhang apa karepku

aku wayang
sing nyebal saka pakeliran
saiki kudu perang
karo para yaga lan dhalang

Ketintang, 1 Juni 2000

24

LAYANG PANANTANG