Kaca:Layang Panantang.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi
ESEMMU

ora ngira esemmu dirubung semut
gumlethak, dicuthik bocah dolanan
ing pinggir dalan
kamangka wingi sore lambe
sing nggula satemlik kuwi
isih kober dipotret wartawan
njur muni ndremimil
nglunturake lipstik

ora nginang, ora udut
daksawang mrengut kaya badhut
jebul esemmu dirubung semut

Ketintang, Juni 2000

LAYANG PANANTANG

25