Kaca:Layang Panantang.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi
FRAGMEN SEMUT IRENG

kursi sak setel ditata ngadhep meja dawa
sega sabungkus gumlethak ing sandhuwure

iki wancine semut ireng bancakan tumpeng
nalika gogrogan upa dadi sumber pawarta
lan mayuta-yuta mata
mandeng kanthi kebak rasa cubriya
oh, jaman kala bendhu
sajen apa sranane pangruwatmu?

nalika meja lan kursi dipundhi-pundhi
ana kukus kumelun
sundhul awang-awang
sing padha nyawang bakal kagiwang
nanging sing padha ngranggeh durung mesthi pikoleh
gumantung marang semut umpra
rebutan upa
marang sapa dheweke bakal masrahake
swarane

Ponorogo, Juli 2004

26

LAYANG PANANTANG