Kaca:Layang Panantang.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi
PROLOG 2004

lembaran-lembaran wektu sing bakal koncatan
katresnan
panggantha lan panggadhang
tuwuhing samubarang kang sarwa gumebyar ora dadi
kanyatan
greget kanggo gumregah ngupaya berkah
dadi ora keconggah
samubarang gawe gogrog ajine
kasembur abange lambe
ing kana kene mung ngabarake
blembuke wong rebutan kalungguhan

Ponorogo, pungkasaning taun 2003

LAYANG PANANTANG

27