Kaca:Layang Panantang.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi
TITI MANGSA
(kanggo Zahroh Mufidah)

syukur yen mangsa ketigamu wis mungkur
dak sawang saka kadohan plataranmu
wis dikebaki kembang abang jambu

mitraku, golek kayu cendhana ing pangkonmu
sing akekudhung sutra biru pranyata bisa
nyungging birune samudra, maes birune angkasa
sing dadi papan jujugane tangan kamulyan
ngrentengi lintang ngranggeh rembulan

syukur yen mangsa ketigamu wis mungkur
lemah-lemah cengkar wis katon bawera
bun-bun esuk padha mara sanja
saka kadohan aku melu gumuyu rena
dene winih gurit sing nate gogrog ing atimu
saiki uga tuwuh ngrembaka
mekar tumangkar nyulami tanduran garing
sing oyode wis rantas kapangan jaman

Ponorogo, 7 Mei 2003

32

LAYANG PANANTANG