Kaca iki wis divalidasi
DYAH
kudune sliramu ngreti
siji mbaka siji
tali sing rantas wis dak pedhoti
dyah, ing tanganku saiki mung kari
ana tali sawiji
tali sutra kumala
rinalat saka lungiting ukara
nedya dak anggo nyencang atimu
supaya awake dhewe bisa
bebarengan ura-ura
mecaki dalan tresna
sing menggak-menggok kebak sandhiingan
Ponorogo, Juni 2003
LAYANG PANANTANG
33