Kaca:Layang Panantang.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi
PANGGRESAH
(kanggo reroncenku)


pangangenku
ngambang ing antarane rasa kangen lan kelangan
parandene
kledhange ayang-ayangmu pijer kekitrang
puguh
angkuh, ngucireng saka sakehing tembung wanuh
panibasan
wis ajur sikil iki nyasak er: bebondhotaning lelakon
paripaksa
durung ana sasmita kapan esemmu tumenga
panggresah
iki muga dadi lantaran tinarbukaning manah
pungkasan
muga ana keploking tangan senajan adoh ing pojoking
lelakon

Jakarta, November 2005

34

LAYANG PANANTANG