Kaca:Layang Panantang.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi
ELEGI WENGI


wis dak niyati, arep nurokake ati
ing wengi iki
tanpa guna tetembangan
yen tatu isih arang kranjang
ya mung kari pasrah
usada sing isih bisa keconggah
mula dyah, saiki aku sumarah
kopi sacingkir pawewehmu wingi
wis bisa mbeningake ati
senajan saiki langit kinepung mendhung
aku ora bingung
jalaran lintang waluku
wis pindhah ing netramu

Karangreja, 3 Juni 2000

LAYANG PANANTANG

35