Kaca:Layang Panantang.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi
ELEGI PUPUS GADHUNG


lumantar pucuking wengi
aku nggugah sepimu
dak wanek-wanekake nembang kinanthi
senajan swara iki
isih amping-amping ing pojoking tangis
mung beteke ora kepengin
kedhisikan tekane panglong
sing bakal mbutel cakrawala
nganggo rupa ireng ngregemeng peteng

mumpung isih ana satleraman
cahya pepadhang, nimas
ayo diringkesi ati
sing kebacut ajur iki
sapa ngreti ing antarane rasa lara
isih ana winih tresna
kanggo nggusah sepi
ing pucuking wengi
sing kebak pepali iki

Surabaya, pungkasaning taun 2000

36

LAYANG PANANTANG