Kaca:Layang Panantang.pdf/49

Kaca iki wis divalidasi
WENGI IKI

aku ngreti yen wengi iki
kowe nangis ngguguk ing paturon
nggetuni tangan sing durung
gaduk
ngranggeh lintang alihan
kamangka cahya sing pating krelip
kuning sinangling
kuwi wis sawetara suwe kasimpen primpen
ing pojoking angen

aku ngreti wengi iki
kowe nangis ngguguk ing paturon
luhmu bakal mili mbrengkali
werdine impen kadaradasih
sing sasuwene iki kandheg
ing tembung saumpama

Jakarta, November 2005

LAYANG PANANTANG

37