Kaca:Layang Panantang.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi
KEMBAR MAYANG

kembar mayang wis mapag tekamu, kadang
mapag tekane dina-dina anyar
ing kono werdining urip bakal kababar
awit kupu sajodho wis sumadya tetegar
nyasak jembare awang-awang
nyebar wangine kembang
sawise tetaunan tapa ngrame
wujud enthung gedhe cobane
saiki wis luwar
saiki wis ketemu sempalane iga wekas
sing tetaunan ilang gawe was sumelang

kembar mayang wis mapag tekamu, kadang
kembaraning karep
sangu numpak baitaning bebrayan
kanggo nyabrang segaraning urip
muga sembada tumapak ing gisiking gegayuhan

Ponorogo, 2009

38

LAYANG PANANTANG