Kaca:Layang Panantang.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi
JANUR KUNING

mitra, dina iki soroting srengenge mbabar kaendahan
awit ing saben pucuk godhong sinungging
welinge angin sumilir
sing wis saguh kinarya pangiringe lakumu
jroning netepi kewajibane umat
ngrakit prajanjen endah sangarepe janur kuning
rinengga pepaesan kembang lan
klapa gadhing sandhuwure gedhang raja

dina iki soroting srengenge mbabar kaendahan
lumantar janur kuning rinengga pepaesan kembang
mitra, aja sangga runggi
lelakon kawuri ora perlu digetuni
yen antarane biyen lan saiki nyimpen sewu petungan
ing sadawane dalan iki cangkrimaning urip bakal
kabatang

Ponorogo, 2009

LAYANG PANANTANG

39