Kaca:Layang Panantang.pdf/52

Kaca iki wis divalidasi
GURIT LINTANG ALIT

lintang alit
saben wengi jerat-jerit
swarane nggrantes ngrenda ati pepes
nelahi wayah mbaka wayah ngupadi werdining sepi
milah tan wenang amilih
tundhone amung bisa pasrah
nglenggana menawa rahina dudu duweke

lintang alit, lintang alit
kelap-kelip ing kamare langit
sapa nganggit
yen saben kledhange tansah ginupit
kodrating urip

lintang alit lintange wengi
kijenan tanpa rowang
nyangking sabentel cangkriman sing durung kabatang

apa isih ana kang ngemu teges
ing plataraning langit kang anyep, sepi, nggrantes?
sedheng lelakon mbaka lelakon tansah nyeret ati
menyang kamuspraning wengi sing jembar tanpa wates
iki

Jakarta, Desember 2005

40

LAYANG PANANTANG