Kaca:Layang Panantang.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi
YAGENE

yagene kudu ana pager
sing misahake kulon lan wetan
kamangka laire geguritan
ora kawiwitan
kanthi tumindak slingkuh utawa mrawasa
prawan sing durung ngreti bedane saloka,
bebasan, lan paribasan

yagene kudu ana rasa cubriya
nyawang penggurit dolanan ukara
kamangka yen ing antarane dheweke ana
sing wani ngaku putune ken arok
sengara wani njongkeng kawibawan
senajan crita rakyat wis mbuktekake
ing saben lembar owah-owahaning sejarah
mesthi ana rasa perih blundrah getih

yagene ana rasa sumelang, ngedum crita marang liyan
kang rinasa ora sajambe sapenginang
kamangka yen bisa nglenggana urip iki pindhane
sandhiwara
ireng lan putihe crita wis ana sing nganggit
wis ana sing nata

Ponorogo, 22 Juni 2003

42

LAYANG PANANTANG