Kaca:Layang Panantang.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi
JRONING LAKU

angin sing ngampirake laku
nglungguhake aku lan kowe
runtut kaya wayang simpingan
sangarepe dhalang
pindhane ukara banjur dipantha-pantha
jejer, lesan, lan wasesane
adhuh mitra, aku lan kowe
jebul nate ngombe banyu
sing padha segere
lungguh ing klasa
sing padha jembare
liwat dalan sing padha lempenge
senajan seje mangsane

angin sing ngampirake laku
nglungguhake aku lan kowe
bawa rasa sawetara ngonceki cangkriman ketiga
sadurunge bebarengan ngeli turut lakune dina
sing nggawa werna-werna patembaya

Ponorogo, 4 Mei 2005

LAYANG PANANTANG

43