Kaca:Layang Panantang.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi
MACAN LORENG

macan loreng
nggereng mrojol saka krangkeng
miaku turut dalan sudhetan
nggoleki watu gilang
papan lungguhe sing ilang
nalika banjir bandhang


macan loreng
mung bisa mlenggong
weruh kanca-kancane ganti sandhangan
supaya ora ditumbak wong bebedhag
sing butuh buron alasan


macan loreng
kelangan crita, kelangan dongeng
senajan untune wis ompong
nanging sing ngati-ati, mitra
lambene isih ngemu wisa


Ketintang, pungkasaning taun 2000

44

LAYANG PANANTANG