Kaca:Layang Panantang.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi
MENDHUNG

yen mendhung padha glimpungan
pacak baris ing awang-awang
tenane kuwi kabeh lupute srengenge
sing emoh ndandani kawicaksanane
"sabda pandhita ratu
tan kena wola-wali" ngono wangsulane
nalika angina nakokake
yagene dheweke ora
nggatekake
swara sora sing njaluk
kawigaten kae
kamangka pancen wis suwe lemah rengka
mangsa ketiga ngelak tumetese bun-bun tresna
nanging nyatane nganti seprene sing dirasakake
mung panas
swara santak ngabarake hawa panas
kawicaksanane srengenge malah gawe swasana saya
panas
apa pancen critane jagad wis meh tuntas?!

Ponorogo, 21 Januari 2003

LAYANG PANANTANG

45