Kaca:Layang Panantang.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

JANTURAN PARIKENA

ombaking segara ngelus gisiking ati
nyolong gurit kang sumampir ing senar pancing
binuncang nyiram lungka-lungka ketiga


awang-awang koncatan lintang
rembulan surem tanpa guwaya
kepengin lumban ing beninge samudra


angin sumilir nyambung pangrasa
ngudang pitakon kapan kelakon
awan lan bengi dadi salembar
sapa aruh linambaran godhong suruh
kangene suwung cinidra mendhung
saben klebate nyolong jantung ndhedher wuyung

Ketintang, 30 Maret 1997

46

LAYANG PANANTANG