Kaca:Layang Panantang.pdf/59

Kaca iki wis divalidasi
GURITAN SAPU WUDHAR

pindhane sapu sing ilang suhe
mblasah sumebar satengahing latar
mrenca dhewe-dhewe
ora karuwan tanjane
aja ngimpi bisa ngresiki sakabehing sukerta
jalaran yen ijen jenengmu mung sada
kaya dene emprit sing kepengin
mencok ing plataran rembulan
yen ana sing wani ngaku dadi sada lanang
sadurunge bisa nulungi kleting kuning
mbanting raga sapinggiring bengawan

pindhane sapu sing ilang suhe
mblasah sumebar satengahing latar
mrenca dhewe-dhewe
ora karuwan tanjane
luwih becik manunggal dadi siji
urip senasib minangka sesanti
gedhe cilik dudu ukuran
endhek dhuwur padha sinawang

Ponorogo, 5 Mei 2005

LAYANG PANANTANG

47