Kaca:Layang Panantang.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi
SUSUH TRESNA


pirang bara kowe mabur adoh
kaya keluk kumleyang ngoncati geni
nglalekake kobonge kayu dadi latu
jalaran wis tanpa guna ngungak patumangan
rasa panas kadhung nandhes warata
sandhuwuring tumpukan bata
nglukis gupita wera abang jingga
getun keduwung among kari gunem suwung
panjeriting ati ora bisa mbukak dalan
kanggo tumuju dina wingi
tunggak alang-alang
ora bisa ngrenda endahing panyawang
kaya nalika alas tresna isih katon ijo ngrembaka
rinengga endahing suket teki
sumebar warata salumahing bumi

pirang bara kowe mabur adoh
kaya keluk kumleyang ngoncati geni
gawe susuh tresna ing angkasa
nglalekake rasa cuwa ati rengka

Ponorogo, Apmi 2005

48

LAYANG PANANTANG