Kaca:Layang Panantang.pdf/61

Kaca iki wis divalidasi
KAYA KAPUK KUMLEYANG


kepengin rasane bisa mumbul kaya kapuk
sinentor angin
bisa kekitrang ing awang-awang
kumleyang tanpa sanggan
bisa nyalami godhong-godhong sing nate ngayomi
bisa nggrayang pang-pang sing nate dianggo
gandhulan
bisa nyimpen impen lungit sundhul langit
emane seprana seprene durung ana angin sumilir
sing kuwat njebol sikil kang kebacut mancep
ing ara-ara
bola-bali sing mampir mung wirama banjir
gawe ati kentir
campur larahan sapirang-pirang
nyesegake ambegan

Ponorogo, Maret 2005

LAYANG PANANTANG

49