Kaca:Layang Panantang.pdf/62

Kaca iki wis divalidasi
PUPUH PALARAN


apa isih ana
sing wani ngungalake dhadha
yen kutha sing nate nglairake
srengenge
saiki ngutahake abang getih?

layare jagad wis tinarbuka
ireng lan putih kabeh wis pirsa
wis wancine singa awulu domba
digiring menyang pagrogolan

dudu jamane nguri-uri tunggakan kemladhih
sing padha silih ungkih nyingitake pamrih
supaya kutha sing sambat perih
ora kakehan ngutahake getih
sumbering pangrintih kudu katindhih

Jakarta, Agustus 2005

50

LAYANG PANANTANG