Kaca:Layang Panantang.pdf/63

Kaca iki wis divalidasi
ING KENE AKU SUMENDHE


wekasane aku bali ngadhep
nothok kori-Mu
masrahake sawemaning sesanggan
sing wis ora kuwat pinikul pundhak
jinunjung tangan

wekasane aku bali ngadhep
ndhedher sewu pangarep-arep
ing kene
ing sangisore payung agung-Mu
aku sumendhe
merit gurit werit
nyuwun lumunturing kawelasan
muga sesuk esuk
jumedhule srengenge ing bang wetan
rinengga kidung pangruwatan

Ponorogo, Agustus 2007

LAYANG PANANTANG

51