Kaca:Layang Panantang.pdf/64

Kaca iki wis divalidasi
PANAS

srengenge sansaya panas
ing imbang kulon ngobong
godhong-godhong cemara
gogrog
sore sing isih adoh saka karepe
bocah angon sing mbutuhake
segere hawa
kaya nalika angin sumilir
nyebar gandane kembang-kembang kacang
saka pategalan

srengenge sansaya panas
ing imbang kulon ungak-ungak cendhela
eseme abang kebak kamenangan
sajake durung rumangsa
wis wancine gumanti mangsa

Ponorogo, Agustus 2007

52

LAYANG PANANTANG