Kaca:Layang Panantang.pdf/65

Kaca iki wis divalidasi
CATHETAN AWAN


awan iki wis ilang gambaran kerukunan
tumrap para menjangan
sing padha-padha playon ing alas
ndedawa napas
kamangka mau nalika ocehing manuk
ing gegrumbulan aweh pratandha tumekaning esuk
menjangan-menjangan padha guyon parikena
holobis kuntul baris tan kemba manunggalake rasa
sakabehing pepalang linumpatan
abot entheng sinangga bebarengan

awan iki wis ilang gambaran kerukunan
ing sela-selaning napas mung kari cumanthel esem sepa
sajak kapeksa
kamangka srengenge wis nganther ing ndhuwur bener
sedhela maneh bakal ngglewang mangulon
banjur nyandi parane?

awan iki wis ilang gambaran kerukunan
sing isih bisa disawang saka saben kedhep mripat
mung rasa kemrungsung ngrangsang gunung
golek menang sikut-sikutan karo rowang

Ponorogo, 16 Agustus 2009

LAYANG PANANTANG

53