Kaca:Layang Panantang.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi
GURIT AWANG-AWANG


pancen awang-awang mung saderma dadi ajang
nalika kuntul-kuntul kumleyang
rebut banter nothog puser srengenge
nalika crita angkasa
durung bisa ngowahi nasibe suket grinting
sing pasrah sumarah sandhuwuring lemah padhas

pancen awang-awang mung dadi ajang
ora wenang nyuraki kuntul-kuntul kumleyang
rebut menang
wusana candhikala kasimpar saka
plataraning langit
sumilire angin mung bisa ngemuli prawan sunthi
sing bingung ngukur dawane jantung
jroning omah suwung

Ponorogo, 21 Maret 2008

54

LAYANG PANANTANG