Kaca:Layang Panantang.pdf/67

Kaca iki wis divalidasi
NAPAK TILAS

wengi iki aku wiwit jumangkah
nyasak dalan sapecak
napak tilas sikil-sikil tatu
lakune pandhawa sing kalah main dhadhu
perih iki wohing kajujuran
sing disebratake dening para
culika sing ngaku dhadha satriya
ya iki werdine impen kadaradasih
nalika kuncaraning langit koncatan
kedhep lintang lan esem rembulan

wengi iki aku wiwit jumangkah
napak tilas lakune pandhawa
kalah main dhadhu
iki pendadaran sejati
iki pangumbaran sejati
tumrap winih-winih kesisih
sing negesi werdining perih

Panggul, 22 Maret 2008

LAYANG PANANTANG

v