Kaca:Layang Panantang.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi
TEMBANG GRAHANAN


senajan mung sagebyaring thathit
kledhange ayang-ayang sing mlumpat sungapaning
bengawan
ninggal tenger rasa geter tandha sapatemon
awujud tembange angin
kanthi wirama langgam karerantan
rerumpakan tangise rembulan blundrah getih

nanging panglonging wengi dudu wates
kang njalari dina candhake kelangan teges
angin isih bakal terus sumilir
nyalami bocah dolanan
sing kepengin menehi teges marang
saben clorot sunar rembulan
senajan ora wutuh bunder seser merak ati
kaya pinuju purnamasidhi

Ponorogo, Oktober 2004

LAYANG PANANTANG

57