Kaca:Layang Panantang.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi
ATUR PANGIRING


Jroning lelumban ing jagading sastra Jawa wiwit taun 1996, genre geguritan mujudake pilihan sepisanan sing kudu dak tulis. Kanggoku nulis geguritan ngono endah. Lagi nindakake prosese bae wis ngemu teges. Nganti bisa nglalekake rerasane kanca-kanca ing njaba sing kerep wadul jare nulis karya sastra Jawa ngono durung mesthi yen kena dijagakake kanggo cagaking urip.

Manut pamawasku ora mung sastra Jawa bae sing kaya ngono. Sastra liyane, kalebu sastra Indonesia uga mangkono. Kalah moncer yen ditandhingake karo jinismg seni sing sipate kanggo hiburan. Nanging kabeh mau ora perlu ndadekake ciliking ati tumprap para punggawa sing seneng lelumban ing jagading kasusastran. Yen saiki durung akeh wong sing aweh kawigaten marang donyane kasusastran, ora ateges kasusastran mono remeh, babar pisan ora. Nanging malah tiba kosok balen, karya sastra wis dadi sawijining barang mewah, sing ora saben wong bisa menikmati, apa maneh nganti bisa nduweni.

Mula wiwit dina iki wis ora perlu ngresula, sambat, wadul, kanthi swara trenyuh sinambi netesake luh perkara donyane kasusastran, sing jarene kasingsal ing sampiraning jaman. Awake dhewe kudu percaya apa bae sing saiki bisa ditindakake, mbesuk mesthi

LAYANG PANANTANG

v