Kaca:Layang Panantang.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi
DASANAMA


gantiya jeneng sedina kaping sanga
sing lungguh kursi ing astina
kuwi wonge padha
duryudana, kurupati, jaka pitana
utawa embuh sapa maneh
arepa nyilih jeneng saka manca negara
cak-cakane mesthi padha
pedah apa ganti sandhangan
yen isih kudhung lulang macan?

aku lan kowe pilih ndedonga
enggal teka baratayuda
ing kurusetra ukum alam dijejegake
saengga dhampar semedi ora kendhang
jroning rasa perih banjir getih

Ponorogo, Oktober 2004

58

LAYANG PANANTANG