Kaca:Layang Panantang.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi
STUTMEN GARA-GARA


tembang panantang cengkok palaran
kasigeg
perang gagal wis rampung
umbul-umbul lan gendera bali dilempiti
jroning kothak para senapati
ngetung tuna rmugi

blencong sumunar kencar-kencar
nyoloki sewu tatu sing isth keri
ing pakeliran
munggel impene para penggedhe
sing nggege mangsa
tumurune wahyu mahkutharama

lamat-lamat gerongane waranggana
ngangetake swasana
nggugah sing padha ketungkul mbundheli
ratu kenci
sawetara iku suluking dhalang aweh sasmita
wis wancine ngancik ponang gara-gara

Ponorogo, 30 Mei 2004

LAYANG PANANTANG

59