Kaca:Layang Panantang.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
NARASI PUTIH


saiki padha ngaku putih kaya kapas
ora rumangsa wingi sore padha malangkrik
sinambi dandan nganggo klambi lurtk, pilihane
ngalor ngidul migunakake aji mumpung
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar kalangane, jarene
putih yen mung perkara rupa
putih yen mung sinawang mata
pedah apa?

saiki padha ngaku putih kaya kapas
ora rumangsa atine ireng
gosong
kapanggang ubaling gegayuhan
sing ora timbang

Ponorogo, 20 Nopember 2004

60

LAYANG PANANTANG