Kaca:Layang Panantang.pdf/73

Kaca iki wis divalidasi
CRITA KETIGA


jroning mripatmu crita ketiga
terus ngrembaka
mulas beninge banyu bengawan
ing kono dak temokake dalan lurus
kaya rambutmu sing ireng njanges

liwat dalan lurus iku dak endhangi
thukulan geguritan sing nate dak tandur
ing impenmu

nalika udan salah mangsa
nggogrogake kembang kenanga

saiki atiku segara
ora bakal swala nampa
saben tetes luh sing ngemu crita
saka mripatmu

Ponorogo, 21 Nopember 2004

LAYANG PANANTANG

61