Kaca:Layang Panantang.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi
MONOLOG MANGSA KAPITU

muruba kaya geni
supaya bisa dak titeni
ing endi papan dunungmu
sumilira kaya angin
supaya bisa dak ngreteni
menyang endi saben klebatmu
kumricika kaya iline banyu
supaya bisa dak rasakake
segere pangaribawamu
antenga kaya bumi
supaya bisa tinulad
apa kang dadi gegebenganmu
kedhepa kaya keliping lintang
supaya bisa dak sawang
werna-werna kaendahanmu
padhanga kaya rembulan
supaya bisa tinrawang damang
sakabehing wewarah wewangsonmu
sumunara kaya srengenge
supaya bisa dak rasakake
geter patering kawicaksanmu
jembara kaya langit
supaya bisa tinulad
sakabehing wekas kesabaranmu


Ponorogo, 2008

62

LAYANG PANANTANG