Kaca:Layang Panantang.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi
MONOLOG MANGSA SANGA

nalika tembung guyon dadi pasemon
nalika panyaruwe dianggep pangece
nalika salam memitran ditegesi memungsuhan
nalika kasukan wis dadi kadurakan
nalika saben obahing tembung kelangan petung
nalika
nalika nalika lan nalika
wis dadi nalika
luwih becik menggok dalan
nggelar klasa satengahing jogan
ngglethakake sakabehing sesanggan
sapa ngreti jroning turu kepati
isih bisa ngronce melathi
sinambi tetembangan ndedawa ambegan
ya mung kari kuwi
pangarep-arep sing isih sumlempit
ing pucuk langit
nalika sakabehing ukara ndedawa lara

Ponorogo, 2008

LAYANG PANANTANG

63