Kaca:Layang Panantang.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi
PROTELON LOJI


ing pojok lor kulon isih katon
wewayangane nyonya susana
mamerake rambut pirang dawa sabangkekan
yakuwi susuhing akal prambataning nalar
nalika sisuta sinaya sarowange diperes kringete
holobis kuntul baris
yen ora manut mungsuhe mimis

ing pojok lor wetan
sapandurat katon gumawang
wewangunan kuna nyimpen werna-werna
pangrasa

duk kalane angin sumilir
sisuta sinaya sakancane padha nglilir
mung antenging pikir sing ora kentir
nalika segara rob, kali panggul banjir
protelon loji
njenggureng anteng nyimpen sewu wewadi
yen dalan sidhatan iki dak lumpati
playuning ati bakal tumapak ing endi?

Ponorogo, 2009

64

LAYANG PANANTANG